Kamis, 18 Januari 2018


Judul                  : Garuda Putih
Panulis               : Suparto Brata
Penerbit             : Narasi
Taun terbit        : 2009



Garuda Putih yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis dilakokake. Ananging angel banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan. Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya memba-memba.
Kasus kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh kadurjanan  dening Garuda Putih kang kasil mrejaya wong selingkuh ana ing Hotel Tretes ajeneng Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel. Abisuna yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging malah nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu wong liya. Ananging bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih. Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone mbedhah perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu. Ananging kui mau mung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.
Amanat :
        “Mbelani kebeneran kuwi pancen bener , nanging aja nganti mbelani nkebeneran lan mbantu wong susah dadi alesan kanggo ngrugiake wong liya. Nggawe fitnah kanggo wong liya kuwi tumindak kang ala. Apa maneh yen nganti merjaya wong kang ora duwe ganhdeng cenenenge karo masalahe”


Spookhuis Gendhong Setan



Judul                   : Spookhuis Gedhong Setan
Penulis                : Suparta Brata
Penerbit              : Penerbit NARASI (Anggota IKAPI)
Tahun Terbit      : Cetakan Pertama 2010



Malem jemuwah kliwon sing wis ditunggu-tunggu nang Totje kanggo nepati janjine marang kanca-kancane arep mbuktekake menawi deweke ora wedi mlebu marang gedhong setan sing ana nang pasar kembang. Nalika lagi motret Totje kaget ibune mlebu kamar karo mesem-mesem merga ana kancane Totje cah wadon ayu. Totje ora nyangka yen Sonia bakal teka marang umahe nang wengi kuwe. Sonia wis janjian karo Jaan arep ngancani Totje, tapi Totje ora ngerti menawi Jaan lan Sonia arep mbatiri deweke marang gedhong setan. Mergane menurut kanca-kancane gedhong setan terkenak angker tapi kenapa Jaan karo Sonia arep mbatiri deweke. Totje ngira yen Jaan karo Sonia bakal ngrusak rencanane, supaya Totje gagal mbuktekake marang kanca-kancane.
Akhire wong telu mau mangkat marang gedhong setan dianter dokar. Sawise gutul ngarep gedhong setan wong telu mau langsung mbukak gerbang ngarep sing ora dikunci. Totje mlaku paling mburi, sing nang ngarep dewek yaiku Jaan lan sing kepindo Sonia. Nalika lagi mlaku Totje nabrak Sonia sing nang ngarepe tiba mergane peteng. Jaan mlaku ninggali Sonia lan Totje. Ora suwe Jaan wis ora katon wujude lunga ndisiti. Sonia karo Totje nggoleti lungane Jaan, malah Jaan ijig-ijig mlayu marani Sonia lan Totje karo keweden merga deweke diwedeni dhemit sing matane amba saka lawang gedhong setan lan lawange ora bisa dibukak. Totje ora percaya, malah ngira kuwi akal-akalane Jaan kanggo medeni deweke. Totje tetep mlaku lah mbukak lawang sing mau jare Jaan ora bisa di bukak, tapi nang Totje bisa dibukak.
Awale Totje weruh mau lawange mengo lan saiki nutup merga ana sing nutup. Wong telu mau banjur pada mlebu, Totje langsung nyiapake tustel kanggo motret mbok menawa ana dhemit sing nongol langsung dijepret. Totje mlaku terus lan kabeh ruangan dileboni, tetep mlaku karo misine, ora suwe Totje weruh ana andha kanggo marang loteng. Totje manjat marang anak tangga alon-alon, nalika lagi manjat Totje krungu swarane Sonia njerit-njerit, Totje ngira yen kuwe akak-akalane Jaan maneh kanggo nggagalake rencanane Totje. Totje tetep manjat lan Sonia esih njerit-njerit nang lante ngisor, lan si Jaan malah ngguyu cekakakan
Ing kamar pojok ana swara seng aneh. Totje langsung marani marang kamar kuwi, nalika lagi mlaku marang kamar mau Totje krungu ana swara jeritane Sonia njaluk tulung merga keweden, Totje bingung arep mudun marani Sonia apa tetep marang kamar sing mau ana sing gerak. Totje krungu swarane Sonia tambah genah marani deweka tapi Totje tetep nglanjutake mlaku marang kamar sing ana nang pojok loteng mau.
Totje mlebu deweke kaget weruh ana sing gemantung nang kamar, Totje langsung motret nganggo tustele, bar iki Totje langsung mlayu marani Sonia nang ngisor. Sonia keweden banget weruh Totje, Totje langsung dithuthuk nganggo sentolop ngasi semaput. Bareng sadar Totje kaget kenangapa deweke ana nang rumah sakit lan dirubung wong akeh. Banjur mamine Totje nyritakake nalika deweke semaput dithuthuk nganggo sentolop nang Sonia. Sonia nuthuk Totje amarga deweke trauma dikira Toje kuwi Jaan. Amarga nalika wengi kuwi Sonia njerit-njerit merga arep diperkosa nang Jaan sing wis mabok. Banjur Sonia nuthuk Jaan kanthi mati. Sonia saiki kentir merga kelakuane jaan.

Amanat :

 “Aja gampang percaya omongane wong sing urung mesti benere. Angger ngomong dibuktekake disit bene apa orane”.

Rabu, 17 Januari 2018

HEMAT, yok!!!


Hemat Banyu!!!



            Jaman sakniki kathah tiyang seng nyepelekna hemat banyu. Padahal banyu penting gae kahidupan saben dinone. Ing suroboyo kathah tiyang seng ngguak sampah sembarangan ning kali seng bisa nyebabake banyu butek. Kathah tiyang seng mbonten angsal banyu, amarga ekonomi, butek’e banyu ing kali, dll. Hemat banyu kudu ditandurake ket cilik, ben bisa dadi kebiasaan mbesok gedhe.

            Ayo kita sedaya, hemat banyu gunakake banyu sakperlune wae. Amarga seng berlebih niku mboten apik. Kathah cara’e hemat banyu ing omah, yaiku :

1.      Mateni Dimar Yen wis ora digawe
2.      Nyetriko klambi sing penting wae
3.      Nggawe piranti listrik saperlune wae
4.      Mateni Dimar yen wayah turu
5.      Umbah-Umbah nggawe tangan orang nggawe mesin

Amanat :

            “Menika kita kudu bisa nerapken urip kang hemat amarga kita kudu sadar yen kathah tiyang kang luwih sengsara teka kita sedaya. Kita kudu bisa hemat banyu lan liyane”

Senin, 15 Januari 2018

Lingkungan Omah


Njaga Lingkungan Sekitar




Jaman sakniki jarang ana wong sing peduli lingkungan. Kathah tiyang seng nyepelekno babagan keresikan lingkungan. Padahalnipun keresikan penting. Tapi, alhamdulilah ing cedak’e griya kula tasih wonten tiyang sing mangerteni keresikan. Lingkungan seng reget bisa marakake macem macem lelara. Ana siji lelara sing biasane timbul amarga kurange njaga kebersihan omah, yaiku DBD
 Cara njaga keresikan butuh diterapna ing lingkungan omah. Yaiku : 3R

1.    Reuse              : Nggunakake maneh barang kanggo kaperluan liyane
2.      Reduce            : Nggunakake barang  sing bisa didaur ulang
3.      Recycle           : ngolah sampah organik dadi kompos

Amanat :

“ Agama Islam itu (agama) yang bersih, maka hendaklah kamu menjaga kebersihan. Karena sesungguhnya tidak akan masuk surge kecuali orang orang yang bersih”.


Hadist Riwayat Baihaqy

Sabtu, 13 Januari 2018

Rangkumane cerita cerkak


          
   CERITA CERKAK

RUMAH SAKIT




UJARE wong tuwa jaman semana, nek ketiga ora bisa cewok, nek rendheng ora bisa ndondhok, nek peceklik mangane mung sego menyok. Kuwi mono panguripane masyarakat tlatah Bojonegoro. Uripe masyarakat ayem tentrem, ora kurang bogo lan wastra. Para penjabate urip mulya, gelem tumindak adil lan wicaksana anggonane mranta warga.


Tekanane para pemodhal saka manca Negara rame - rame ngebur njeron bumi. Bojonegoro nggoleki sumber lenga. Kanggo nikelake leladi tumrap mayarakat kang luru usada, najan rumah sakit umum uga rumah sakit partikelir liyane wis ana. Rumah sakite wis rampung dibangun, nanging durung diresmekake. Mula sakdurunge diresmekake, pasien - pasien saka rumah sakit lawas wis padha boyong menyang rumah sakit anyar.

Prapto lan Suheri, staf kantor kabupaten, mara menyang kantor Dinas Buadaya saperlu nembun nyilih gamelan. Sakwise nyilih gamelan. Ali banjur jumangkah metu saka ruwangane nuju pendhapa papane gamelan. Sakwise pamitan, wong loro banjur ninggalake pendhapa. Ora watara suwe lakune wis tekan papan seng dituju.

Awan kuwi Edy lagi nggarap pesenan gambar wayang. Weruh ana pawongan loro njagang sepedha motor ing plantaran, Edy metu mbagekake.

“Lho dik Prap karo dhik Her, manga pinarak!” panyapane Edy gerapyak
Prapto mapan lungguh

“Kok njanur gunung, ana kepreluwan apa?” takone Edy karo mapan lungguh njejeri Prapto.

“Arep perlu karo sampeyan mas” Wangsulane Prapto sing banjur ngandhakake yen suk malem minggu peresmian rumah sakit.

Mula tekane merunu mau saperlu nembung nyewa gamelan. Krungu kandanane Prapto. Mas Edy mung manthuk – manthuk ora enggal wangsulan.

“Kanggonane rak suk malem minggu ta?”                             

Jroning wulan iki sepi durung ana tanggapan.                                 
Wis ora susah kuwatir, perkara sewaan terserah. 
Ing dina ditemtokake plataran rumah sakit katon semuwa. 
Kanggo njaga ketertiban lan ketenangan lingkungan rumah sakit, 
tumrap para tamu seng tekane ora diundang mung dipililahi 
ndelok lan ngerungokake saka sanjabane pager.

Ora wantara suwe, para undangan bapak lan ibu penjabat saka sakehing intansi rawuh gemrudug. Ngacik jam sanga bengi, gamelan wiwit ditabuh ngiringi gendhing pambuka sing wiramanesigrak. Bojonegoro ngumandhang.

Uga ana sing sajak ora njawa marang gendhing - gendhing Jawa, mung tolah toleh nyawang bapak - bapak sing lungguhana kiwa tangane. Tiba gilirane bintang tamu warang gana saka  Amerikamamerekake kebisaneulah swara. Penonton seng maune klesak - klesik, grenang - greneng padha cep klakepkena perbawane swara waranggana.

Wiwit sore Lik Darman karo Mbah Jan lunguh ngrungokake saka njaba pager amarga dudu undangan. Ngiringi lumakune wengi, warangganane  genti - genten nindakake  ayahannyuwarakake gendhing - gendhing panglipur uga gendhing pitutur. Krungu kumandhange gendhing pupuh Girisa rong pada kang ngemu wewaler tumrap taruna.

Amanat :

  Kita kudu tetep usaha ngadepi urip. Yen keadaane susah utawa seneng. Kita kudu tetep teguh ing sajerone ngadepi tantangan urip. Amarga Allah kang maha kuasa ngekei cobaan ora lebih teko kemampuan hamba.



Rangkuman sanking : Majalah Penyebar Semangat

Judul                                     : Lumbung Jati ing Gunung Kendheng Penganggit                           : Partini B. Pangeca...