Judul : Candhikala Kapuranta
Penulis : Sugiarta Sriwibawa
Penerbit : Narasi, Pustaka Jaya
Tahun terbit : 2002, Jawa Tengah
Novel Candhikala Kapuranta karangane
Sugiarta Sriwibawa yaiku salah sijining novel Jawa sing entuk penghargaan
rancage taun 2003. Novel sing dianggep unggul nampilake nuansa budaya Jawa iki
kebak tanda lan simbol, perkara iki ketara saka tembung lan ukara sing
digunaake. Awit saka iku novel Candhikala Kapuranta duweni daya tarik dikaji
lan ditliti supaya bisa nemokake simbol lan makna sing ana ning sakjerone.
Perkara sing arep ditliti yaiku kepiye simbol lan makna novel Candhikala
Kapuranta nganggo srana teori struktural semiotik A. Teeuw? Anane paneliten
novel Candhikala Kapuranta iki kanggo ndungkap lan nemokake simbol lan makna
novel Candhikala Kapuranta nganggo dasar teori strukturalisme semiotik A Teeuw.
Pendhekatan sing digunakake ing paneliten iki nganggo pendhekatan objektif
yaiku pendhekatan sing nggatekake karya sastra minangka sawijining struktur.
Cara sing digunakake kanggo bedah karya sastra
yaiku cara catet lan semak, catet kanggo nyatet ukara utawa tembung sing diduga
duweni simbol. Paneliten iki sumbere saka novel Candhikala Kapuranta karangane
Sugiarta Sriwibawa sing diterbitake dening penerbit Pustaka Jaya Jakarta taun
2002. Kasil saka peneliten iki, yaiku jelasake simbol lan makna nganggo kode
bahasa, kode sastra, lan kode kebudayaan. Yaiku nganggo dasar teges lan
pralambang
(1)
teges lan pralambang nganggo gelar jeneng, yaiku Raden, Raden Mas, Raden Rara,
Raden Ajeng, lan Den Bei. Istilah liane yaiku tembung ma lima
(2) tembung genti wong kapisan lan wong
kapindho sing digunakake ning jero kraton lan jaba kraton, yaiku abdi dalem,
kula, kowe, sampeyan, panjenengan.
(3)
paribasan sing digunakake, yaiku ilang-ilangan endhog siji, ngono ya ngono ning
aja ngono. Saka kode bahasa yaiku nandakake kahanan wong antarane wong cilik
lan wong panggedhe saka gelar jenenge, rasa hormat sing diwujudake nganggo
tembung genti wong kapisan lan wong kapindho, dene paribasan lan bebasane
duweni piwulangan Jawa ning sajerone crita.
Kasil saka kode sastra yaiku carane
gunakake jeneng lakon wayang, yaiku Janaka, Cakil, Karna, Begawan Ciptaning,
Begawan Mintaraga, lakon Karna Tandhing, lan Baratayuda Jayabinangun. Janaka
yaiku lambang saka ngelmu. Cakil yaiku pralambang saka wong cilik, Karna yaiku
lambang saka norma kasusilan, Begawan Ciptaning lan Begawan Mintaraga
pralambang saka jiwa kang suci. Karna tandhing duweni lambang saka sifate
satria. Bale sigala-gala pralambang saka sikap waspada. Baratayuda Jayabinangun
yaiku lambang saka angkara murka lan watek kamulyan. Pralambang liane nganggo
jeneng sing nganggo jeneng kembang nandakake wangine sawijining jeneng.
Tembung sastra lan sukma nandakake
ngelmu sing bisa nguripi. x Dene saka kode kabudayan yaiku, ananing konsep
ketuhanan saka kasil kabudayan Jawa, yaiku kidung Sarira Ayu lan kidung
Marmarti. Kidung Sarira Ayu duweni karep dongga manungsa marang gusti. Kidung
Marmarti yaiku duweni sawijining ajaran Jawa jaluk sambat karo sedulur papat
lima pancer. Saka kasil paneliten iku, nyaranake supaya sing maca bisa
nglestarekake ajaran Jawa iku lan uga bisa dadi tuladha ngembangake analisis
sastra strukturalisme semiotik modhel A. Teeuw.
Amanat
:
“ Kita
sedaya saged mangerteni crita-crita pewayangan, supaya adat budhaya Jawa mboten
luntur ing era globalisasi saniki. Kathah sing saged kita contoh saking kahurapaning
pewayangan, uga saged ndamel kahuripan kita luwih apik amarga nyontoh
pawatakane saben tokoh ing novel iki. “

Tidak ada komentar:
Posting Komentar