Judul :
Lumbung Jati ing Gunung Kendheng
Penganggit :
Partini B.
Pangecapan :
Narasi
Penerbit :
Pustaka Utama Yogyakarta
Tanggal babar :
April 2017
Panggonan babar : Yogyakarta
Novel Lumbung
Jati ing Gunung Kendheng menika dados sarana pamulangan,
ingkang isinipun babagan sambung srawung salebeting bebrayan. Isinipun inggih
menika wiyosipun ingkang nyariosaken kawontenan dalem swarga Sampeyan ingkang
sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono IX. Sampeyan putra ingkang Sinuwun
Kanjeng Susuhunan Paku Buwno VI miyos saking Prameswari. Sampeyan dalem ingkang
Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono VI jumeneng dalem Nata hamarengi.
Gumantine
tahun lumaku nut wirama alam. Desa mawa cara, negara mawa tata. Gremat-gremet
waton slamet. Alon-alon waton kelakon. Kraton Surakarta kagungan adicara. Malem
selikuran menika kayata ndherep kirab, wonten ingkang mbeta ting, piranti
ingkang kedah jangkep yaiku lenga. Supados urupe padhang. Salajengipun wonten
gerdu ing pinggir dalan, milih papan ingkang strategis, lan gerdu menika sami
dipun sumet.
Kawruh
bab urip saged dipun pendhet saka isining kasusastran. Sastra menika tegesipun
tulis. Ngemot surasa katrangan. Wonten satunggaling sarjana bangsa Benggala
nyariosaken bab Ramayana. Cariyosipun Satriya Ramayana ingkang tilar
kedhatoning rama ngantos pinten tahun laminipun
Unen-unen ajining dhiri gumantung lathi, ajining
raga gumantung busana. Nyariosaken bab pangageman kajawen Surakarta tumrap
kakung lan dhasaripun saking tata caranipun ngagem ing kraton Surakarta. Ing
kalanganing kraton Surakarta wonten tembung Jawi Jangkep inggih menika iket
blangkon. Blangkon saking tembung blangkon. Wonten ugi rasukan krowok, sabuk,
epek dalah timang saha lerepipun. Wonten serat dhawah Pasowanan, dipun
sebataken Pengageman Jawi Jangkep Padintenan, menika tegesipun rasukan boten
pethak utawi cemeng, dados werni menapa kemawon.
Amanat :
Ing
novel kasebut, wonten unen-unen “Ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga
gumantung busana” gadha arti yaiku tiyang sing nyuwun dheweke diajeni,
piyambakipun kudu saged njaga tutuk e ben mboten ngendika sing sengak-sengak,
lan piyambakipun kudu ndamel busana sing sopan lan katutup, amarga ajining raga
saka busana.
Amanat :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًايُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ
ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Tidak ada komentar:
Posting Komentar