Sabtu, 03 Maret 2018


Judul                                     : Lumbung Jati ing Gunung Kendheng
Penganggit                           : Partini B.
Pangecapan                          : Narasi
Penerbit                                 : Pustaka Utama Yogyakarta
Tanggal babar                     : April 2017
Panggonan babar               : Yogyakarta


Novel Lumbung Jati ing Gunung  Kendheng menika dados sarana pamulangan, ingkang isinipun babagan sambung srawung salebeting bebrayan. Isinipun inggih menika wiyosipun ingkang nyariosaken kawontenan dalem swarga Sampeyan ingkang sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono IX. Sampeyan  putra ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwno VI miyos saking Prameswari. Sampeyan dalem ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono VI jumeneng dalem Nata hamarengi. 
Gumantine tahun lumaku nut wirama alam. Desa mawa cara, negara mawa tata. Gremat-gremet waton slamet. Alon-alon waton kelakon. Kraton Surakarta kagungan adicara. Malem selikuran menika kayata ndherep kirab, wonten ingkang mbeta ting, piranti ingkang kedah jangkep yaiku lenga. Supados urupe padhang. Salajengipun wonten gerdu ing pinggir dalan, milih papan ingkang strategis, lan gerdu menika sami dipun sumet.
Kawruh bab urip saged dipun pendhet saka isining kasusastran. Sastra menika tegesipun tulis. Ngemot surasa katrangan. Wonten satunggaling sarjana bangsa Benggala nyariosaken bab  Ramayana. Cariyosipun Satriya Ramayana ingkang tilar kedhatoning rama ngantos pinten tahun laminipun
Unen-unen ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana. Nyariosaken bab pangageman kajawen Surakarta tumrap kakung lan dhasaripun saking tata caranipun ngagem ing kraton Surakarta. Ing kalanganing kraton Surakarta wonten tembung Jawi Jangkep inggih menika iket blangkon. Blangkon saking tembung blangkon. Wonten ugi rasukan krowok, sabuk, epek dalah timang saha lerepipun. Wonten serat dhawah Pasowanan, dipun sebataken Pengageman Jawi Jangkep Padintenan, menika tegesipun rasukan boten pethak utawi cemeng, dados werni menapa kemawon.
Amanat :
            Ing novel kasebut, wonten unen-unen “Ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana” gadha arti yaiku tiyang sing nyuwun dheweke diajeni, piyambakipun kudu saged njaga tutuk e ben mboten ngendika sing sengak-sengak, lan piyambakipun kudu ndamel busana sing sopan lan katutup, amarga ajining raga saka busana.

Amanat :

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًايُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


“Hai orang-orang yang beriman, bertakwalah kamu sekalian kepada Allah dan katakanlah perkataan yang benar, niscaya Allah memperbaiki amalan-amalanmu dan mengampuni dosa-dosamu. 

Kamis, 15 Februari 2018

Nabung sejak Dini



MBIASAKEN NABUNG






Pamulangan nabung kudu ditandurake ket cilik, amarga nabung penting banget kanggo masa ngarep. Ing jaman saiki, adate nabung wis bawa punah. Anane perkembangan jaman, nabung wis bawa dilalekne. Pemborosan ana ing ngendi-ndi. Pas kowe nabung, seacara ora langsung kowe wis ngantur kedhuwit dhewe. Kanggo nabung sabenere ora angel, nanging butuh konsistensi ing mayokake.

Ana akeh guna nabung ket cilik :
1.  Sinau urip irit
- Karo nabung panggawe borosmu arep ilang
2.  Melatih perencanaan
- Artine, kanggo nduweni samubarang awake dhewe kudu darbe siji perencanaan sing          matang, kaya nik awake dhewe pengen darbe omah. Awake dhewe kudu ngerencanaken pira dana sing kudu dimetokaken
3.  Melatih kesrantan (kesabaran)
- Ing nabung awake dhewe uga diajarke kanggo sabar. Sabar kangg tuku samubarang nik dhuwit durung cukup. Karo sabar lan nabung, awak dhewe arep nduwe dhuwit sing cukup kanggo tuku samubarang.

“Simpanlah sebagian harata kamu untuk kebaikan masadepan kamu, karena itu jauh lebih baik bagimu.”
-Hadist riwayat Bukhari-



Bersyukur marang Gusti Allah



Bersyukur



Wong urip iku kaya roda. Wong urip iku kadang ing dhuwur kadang ing ngisor. Wong urip iku onok penake lan ana sedihe. Iku menika wes sampun kudrate menungsa , ora bisa diubah. Manungsa urip iku intine gawe ibadah kaliyan gusti Allah SWT. Yen semestine kita kudu  bisa bersyukur kaliyan gusti allah. Gusti allah kang wes ngekeki urip kang penak kang isih isok mangan lan duweni panggonan kang tetep. Kadang nik wong sugih dadi mlarat kuwi akeh-akehe ora trimo kaliyan gusti allah amarga nasibe.
Enek seng sadar yen dheweke duwe salah nanging kuwi seng garai dheweke mlarat. Senadyan ana wong seng tambah ora sadar nanging tambah adoh kaliyan gusti allah. Intine wong urip kuwi mesti ngrasa susah lan seneng . Nik kita ing duwur kita seneng senadyan, yen ing ngisor kita susah wes semestine kita bisa nerimo lan njalani urip. Kita kudu  bersyukur kaliyan gusti allah amarga kita isih diwenehi kesennegan senadyan yen susah kita kudu terus berdoa ora oleh nelangsa.

Amanat :

“ Urip iku kaya roda kita bisa ing dhuwur kita bisa ing ngisor.Intine kita bisa bersyukur atas opo wae seng diwenehi allah. Nik susah ojk nggresah aee nik seneng ojk angkuh tetep iling kalih gusti allah iki di jelasaken ing jeroning al-quran.”

Tresna Pati



Judul                      : TRESNO TOH PATI 
Penulis                    : ANY ASMARA
Penerbit                 : USAHA "KAWAN" CV
Tahun Terbit         : 15 JUNI 1962




                     Piyayi kuna kuwi jen arep  ndjodohake anake kanggo dipetng dhisik. Saiki jamane wis maju,petungab kuwi ora mesti benere. Achmad pengarang muda,sugih tjrita,sugih kasustraan kang edi , peni ,luwes, nganti bisa gawe sengseming para wadon  kabeh , nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dajaning. Pungkasing Uminarsih didjodohake kaliyan kersaning rama . Achmad kang ngerasa sedih banget. AkhireAchmad lunga Semarang , ton-tone tjitrane Umirnasih tetep ora ilang. Banjur mandheg ing ngarep omah ,ora weruh omahe sinten ,tapi duwe gawe (perkawinan). Dheweke kaget yen seng dadi pengantin kuwi (Minarsih). Dheweke semaput lan digawa ing jero omah . 

                     Banjur sadar Achmad metu teko kamar , ing jaba ana Uminarsih.Uminarsih ngendika yen dheweke dadi pengantin kuwi ora merga mblenjani janji karo achmad dhisik jen arep urip bebarengan, ananging amarga rama kang njodohake kula kalih Dokter Renggono Lewat telung dina saka kedadeyan kuwi Achmad krungu kabar Uminarsih wes bali menjang ngarsaning pangeran. Kerana remuk atine , Achmad melbu rumah sakit kanthi pirang pirang wulan. Awit tiba mangsane Achmad pesen kalih Any yen kon ngubah kabeh sekabening lelakon dheweke , bisa dikandhani , lan sapanunggalane . Any anamung mangsuli "inshaallah". let sepasar Achmad seda bali menyang pangangjunanging pangeran. "innalillahiwainnalilahirojiunn"

Amanat :

“Wong tuwa ora tansah ngetrapake kersane anak mesthine kudu ngaweruh bab kang dipingini sang anak misale perkara tresna , yen wong tuwa ngerti apa sing disenengi anke dhewe ,mungkin anake dijamin urip tentrm. Aja angger nyodohake anake dhewe  marga anak kuwi rahmat tekan Allah.”


Rangkumane cerita Cerkak



JODHO



             

            JANE ora etungan cowok sing mambu ati marang Triningsih, kayata Prapto lan Robertus kanca sekelas, nganti direwangi bengkerengan lan jothakan. Nanging lelorone mung dienjebi wae dening Triningsih, ora ana sing digape.

           Beja kemayangan dene aku sing ora mlebu nominasi ngesir dheweke bisa ketiban pulung. Bisa cecaketan lan kena diarani pacaran. Nanging ya kuwi, imbase kanca-kanca priya padha ora Seneng marang aku, temahan banjur nyatru lan mungsuhi. Kepara Robertus sing ngesir setengah mati lan ditulak mentah-mentah dening Triningsih tau nantang ngajak gelut, nanging ora takladeni.

              “Mas Robert, ora apik yen perkara bocah wadon direwangi tukaran. Karomaneh sambung katresnan kuwi sawijining pilihan antarane priya lan wanita lumantar keserasian jroning ati,” ucapku nalika Robertus nyengkerem krah klambiku arep nempiling. Bubar kuwi Robertus terus mundur teratur, ngerti yen Triningsih ora ngrespon marang dheweke.

         Wusanane kanca-kanca sing maune gething marang aku padha nyadhari keluputane lan ngajak akur maneh. Malah sawijining wektu rikala Triningsih ulang taun, kabeh kanca kanthi aklamasi ndheklarasekake aweh sebutan anyar Mantri. Tembung mau digabung antarane jenengku lan jenenge Triningsih. Wiwit kuwi saben ketemu, mbuh ing endi wae, uger ketemu kanca-kanca, aku diundang Mantri, dudu jenengku sing asli.


Rangkuman saking : Majalah Panyebar Semangat

Sang Pangeran



Judul                      : Sang Pangeran
Penulis                    : Fitri Gunawan
Penerbit                 : Q Publisher
Tahun terbit          : 2011 ing Jawa Tengah



Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane.

Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik.

Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
     
Amanat :

“ Kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe kudu duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang atasan sarta perusahaane,setia marang atasan lan keputusan atasan lan setia karo sisihan atine senajan ngenteni suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak culika. Kudu duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena wena amrang bawahan lan kudu tegas karo keputusan akhir.”

Minggu, 04 Februari 2018

Kewajiban anak


BAKTI MARANG WONG TUWA


Tekan gambar ing dhuwur nunjukkaken arek sing lagi nyuci sikil ibu'e wektu dina IBU. Ana arek lanang umur 8 taun. Sadurunge tampil pentas ngisi acara ing sekolah arek lanang niku wau nyuci sikil ibu'e, amarga ridho ibu niku ridho ALLAH sedaya. Sakwise nyuci sikil ibu'e arek niku wau pentas seni ing nduwur panggung lan pentas'e lancar.

Bakti marang wong tuwa wontwn ing Al Quran yaiku :

وَوَصَّيْنَا الْإِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًا ۖ وَإِنْ جَاهَدَاكَ لِتُشْرِكَ بِي مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۚ إِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَأُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ

“Dan Kami wajibkan kepada manusia agar (berbuat) kebaikan kepada kedua orang tuanya. Dan jika keduanya memaksamu untuk mempersekutukan Aku dengan sesuatu yang engkau tidak mempunyai ilmu tentang itu, maka janganlah engkau patuhi keduanya. Hanya kepada-Ku tempat kembalimu, dan akan Aku beritakan kepadamu apa yang telah kamu kerjakan.”
[Al-‘Ankabuut (29): 8]

Amanat:

‘Awakdhewe kudu ngewangi damelane wong tuwa, senadyan mung sethithik. Supaya ngeringanaken damelane wong tuwa. Amarga wong tuwa sing wis ngerawat awakdhewe teko cilik sampek sak gede iki. “


Judul                                     : Lumbung Jati ing Gunung Kendheng Penganggit                           : Partini B. Pangeca...