Judul :
Sang Pangeran
Penulis :
Fitri Gunawan
Penerbit :
Q Publisher
Tahun terbit : 2011 ing Jawa Tengah
Suryo Baskoro kuwi
priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter
sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil
ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo
kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang
rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi
wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora
nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di
anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di
timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke
percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca
kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake
marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai
kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane.
Suryo duweni program
kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya
Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak
culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro
deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging
Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine
Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo
di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen
bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik
jurnalistik.
Suryo ngotak atik
berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau
ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo masalah
eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri
Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel
amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel
tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging saka gambaran
kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep dadi
wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka
Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono
manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan
dadi tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake
rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur
organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun
dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin
perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
Amanat :
“ Kang kasirat ana ing
novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe kudu duweni sikap jujur lan
setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang atasan sarta perusahaane,setia
marang atasan lan keputusan atasan lan setia karo sisihan atine senajan ngenteni
suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak
culika. Kudu duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena
wena amrang bawahan lan kudu tegas karo keputusan akhir.”

Tidak ada komentar:
Posting Komentar