Kenalku wiwit ana omah
kontrakan ndhisik. Omahe ing sisih burine omah kontrakanku. Yen esuk dodol
blanja, yen awan dodolan rujak. Olehe ana kono luwih dhisik tinimbang
aku.
Sanajan mburi omahku, nanging seje RT. Dadi srawungku mung winates dol tinuku blanja lan rujake.
Budhe Paini pindhah menyang sawah, Embuh sawah sing endi, sebab akeh banget sawah-sawah sing dikapling. Salah sijine, kaplingan kang dakcicil, wis oleh rong taun. Saka sekolahanku kira-kira rong kilo adohe. Isih sawah amba, malah isih ana kebone nalika iku. Terus, nalika wis lunas, sisihanku nanting. Wusana banjur wiwit mondhasi, ngurug, nembok, kuda-kuda, akhire sawise nem sasi aku bisa manggon omahku dhewe. Rada adoh sakulone sawah, ana omah petak jejer sapengidul.
Sawijing awan mulih saka mulang, karo payungan awit grimis, aku kaget ana swara kemrosak saka tengahing alang-alang. Kesusul swara wadon:
“Bu Guru!”
Dakwaspadhakake swara iku. Lho!
“Budhe Paini!”
“Bu Guru! Njenengan ta sing pindhah kala emben?” swarane seneng

“Inggih, Budhe. Mriki,
Budhe, payungan!”
“Sampun, mboten napa-napa. Kula mpun setaun langkung. Nika gubug kula,” dheweke nudingi omah cilik saelore alang-alang. “Mangga pinarak.”
“Matur nuwun, mbenjang mawon. Mbenjang enjing kula diampiri nggih, kalih dolan.”
“Inggih, Bu Guru.”

Wiwit iku aku raket maneh karo Budhe Paini. Mung saiki ora nganggo dodol rujak,
Budhe Paini isih dodolan. Ning dak deleng dagangane saya susut. Nganti sawijining dina leren olehe dodolan. Jarene, modhale entek awit wong-wong kang blanja. Yen sore ana bakul buwah lan bakul cao, uwuhe diwadhahi. Kekarone ketok yen laris. Saliyane bakul cao lan bakul buwah, isih ana bakul-bakul liyane kang njaluk palilah dodo ling sisihe bakul loro iku. Aku lan sisihanku ora ngidini. Ana arisan PKK wingi bu RT mbisiki aku yen Budhe Paini kepingin dodol sega pecel ing pojok ngarep omahku yen wayah esuk. Aku setuju banget. Nalika dakkandhakake sisihanku, dheweke uga setuju. Muga-muga dodolane laris.
Lan bener, sega pecele Budhe Paini laris.Usahane Budhe Paini lancar. Yen pinuju oleh kiriman beras saka desa nalika wayah panen, dheweke dakwenehi. Budhe Paini kala-kala menehi bumbu pecel lan peyek. Lan suwe-suwe ora mung kala-kala, ning meh saben wulan. Bumbune meh setengah kilo, peyeke sak kaleng Khong Gwan. Sisihanku nganti ngelingake aku. Aja ditampa. Mesakne. Gek kadhang, amarga batihku ora akeh, bumbu pecel mau klalen ora kober nggawe, sumimpen ana kulkas. Wusanane wingi, dina Minggu, aku masak ana pawon karo bocah-bocah, ana wong uluk salam.
“Sugeng enjang, Bu Guru.”
“Sugeng enjang, Budhe”
Budhe ngadeg karo nggawa bumbu pecel lan peyek sak kresek.
“Kangge putra-putra, Bu Guru.”
Aku mesem marang wong wadon tuwa iku. Aku kelingan, ing kulkas bumbu pecel sing wingi isih utuh. Daktampani pawewehe wong tuwa iku karo ngomong alus:
“Budhe, matur nuwun sanget paringanipun. Nanging peyekipun kemawon nggih, Budhe?”
“Mboten remen bumbu pecel, ta?” pitakone rada kaget.
“Mboten, mboten, kula remen”, aku nyaut cepet. “Nanging sing maem mriki namung tiyang sekedhik. Bumbu sing wingi taksih kathah,” aku nuduhake bumbu ana kulkas. Banjur peyek dakdekek meja. Bumbu pecel sing anyar dakcekel.
“Sapunika peyekipun kemawon nggih, Budhe ingkang kula tampi. Bumbunipun njenengan asta malih mawon,” aku ngomong ngati-ati aja nganti dheweke salah tampa.
Saiki dheweke ngguyu, praupane bali ajer.
“Nggih sampun, Bu Guru, matur nuwun, nggih.”
“Matur nuwun, Budhe,”
Sabaline Budhe Paini, aku ambegan landhung. Dhuh, Gusti, kula mboten kepengin
natoni manahipun tiyang sepuh punika. Mugi kedadosan kala wau mboten murugaken
piyambakipun kemba. Mugi Panjenengan tansah maringi rejeki ingkang langkung
dhumateng tiyang sepuh punika. Nalika aku bali menyang meja makan, sisihanku wis
lungguh ana kono.
“Bumbune pecel dakbalekake”, kandhaku. Sisihanku manthuk.
“Bumbune pecel dakbalekake”, kandhaku. Sisihanku manthuk.
Amanat :
“Cerkak punika mucalaken menawi kita
sedaya dados tiyang kedah sami tulung nulung kaliyan sami maringi dhateng
sesami nopomaleh dhateng tanggi ingkang sampun sae kaliyan satumunten mbiyantu
kita sedaya”
Rangkuman saking : Majalah
Panyebar Semangat

Tidak ada komentar:
Posting Komentar