Judul :Kadurakan
ing Kidul Dringu
Penulis :
Suparto Brata
Penerbit :
Narasi
Tahun Terbit : 2012, Yogyakarta
Desa
dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange
dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah
jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan
amargi wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam,
garwanipun mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu
Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged
ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo.
Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda Mbakyu
Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah
ingon-ingon asu jenenge Tambur.
Dina
iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh
montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas
Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil
senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge
momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur
Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi
omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat,
Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing
ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati
sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi
bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku
jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital
dipun bumihangusaken.
Wimbadi saiki wonten
ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan
pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk
, Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna
kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten
nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados
piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem
pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.
Kahananipun
kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun Wimbadi
mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha ngawontenaken
serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala regu
Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun,
Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul
Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul
Genuk ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih,
wonten ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah
dipundhut supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih,
kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge
sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke
lara-lara.
Dasiyun
kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi ndamel perkawis
ingkang boten rampung, Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya
bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak saking dusun menika
pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala ingkang dados tujuan.
Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul
saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi
kesah saking dusun menika.
Amanat : Kita boten pareng ajrih
lawan para penjajah, menika samoun dados kewajiban para WNI ingkang sae,
berkorban jiwa raga kangge bangsa tercinta. Kita ugi ampun amung ratapi nasib
ingkang saweg dipun adepi ananging kedah usaha supados saged urip raharja mulya
lan bahagiya.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar