Kamis, 15 Februari 2018

Nabung sejak Dini



MBIASAKEN NABUNG






Pamulangan nabung kudu ditandurake ket cilik, amarga nabung penting banget kanggo masa ngarep. Ing jaman saiki, adate nabung wis bawa punah. Anane perkembangan jaman, nabung wis bawa dilalekne. Pemborosan ana ing ngendi-ndi. Pas kowe nabung, seacara ora langsung kowe wis ngantur kedhuwit dhewe. Kanggo nabung sabenere ora angel, nanging butuh konsistensi ing mayokake.

Ana akeh guna nabung ket cilik :
1.  Sinau urip irit
- Karo nabung panggawe borosmu arep ilang
2.  Melatih perencanaan
- Artine, kanggo nduweni samubarang awake dhewe kudu darbe siji perencanaan sing          matang, kaya nik awake dhewe pengen darbe omah. Awake dhewe kudu ngerencanaken pira dana sing kudu dimetokaken
3.  Melatih kesrantan (kesabaran)
- Ing nabung awake dhewe uga diajarke kanggo sabar. Sabar kangg tuku samubarang nik dhuwit durung cukup. Karo sabar lan nabung, awak dhewe arep nduwe dhuwit sing cukup kanggo tuku samubarang.

“Simpanlah sebagian harata kamu untuk kebaikan masadepan kamu, karena itu jauh lebih baik bagimu.”
-Hadist riwayat Bukhari-



Bersyukur marang Gusti Allah



Bersyukur



Wong urip iku kaya roda. Wong urip iku kadang ing dhuwur kadang ing ngisor. Wong urip iku onok penake lan ana sedihe. Iku menika wes sampun kudrate menungsa , ora bisa diubah. Manungsa urip iku intine gawe ibadah kaliyan gusti Allah SWT. Yen semestine kita kudu  bisa bersyukur kaliyan gusti allah. Gusti allah kang wes ngekeki urip kang penak kang isih isok mangan lan duweni panggonan kang tetep. Kadang nik wong sugih dadi mlarat kuwi akeh-akehe ora trimo kaliyan gusti allah amarga nasibe.
Enek seng sadar yen dheweke duwe salah nanging kuwi seng garai dheweke mlarat. Senadyan ana wong seng tambah ora sadar nanging tambah adoh kaliyan gusti allah. Intine wong urip kuwi mesti ngrasa susah lan seneng . Nik kita ing duwur kita seneng senadyan, yen ing ngisor kita susah wes semestine kita bisa nerimo lan njalani urip. Kita kudu  bersyukur kaliyan gusti allah amarga kita isih diwenehi kesennegan senadyan yen susah kita kudu terus berdoa ora oleh nelangsa.

Amanat :

“ Urip iku kaya roda kita bisa ing dhuwur kita bisa ing ngisor.Intine kita bisa bersyukur atas opo wae seng diwenehi allah. Nik susah ojk nggresah aee nik seneng ojk angkuh tetep iling kalih gusti allah iki di jelasaken ing jeroning al-quran.”

Tresna Pati



Judul                      : TRESNO TOH PATI 
Penulis                    : ANY ASMARA
Penerbit                 : USAHA "KAWAN" CV
Tahun Terbit         : 15 JUNI 1962




                     Piyayi kuna kuwi jen arep  ndjodohake anake kanggo dipetng dhisik. Saiki jamane wis maju,petungab kuwi ora mesti benere. Achmad pengarang muda,sugih tjrita,sugih kasustraan kang edi , peni ,luwes, nganti bisa gawe sengseming para wadon  kabeh , nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dajaning. Pungkasing Uminarsih didjodohake kaliyan kersaning rama . Achmad kang ngerasa sedih banget. AkhireAchmad lunga Semarang , ton-tone tjitrane Umirnasih tetep ora ilang. Banjur mandheg ing ngarep omah ,ora weruh omahe sinten ,tapi duwe gawe (perkawinan). Dheweke kaget yen seng dadi pengantin kuwi (Minarsih). Dheweke semaput lan digawa ing jero omah . 

                     Banjur sadar Achmad metu teko kamar , ing jaba ana Uminarsih.Uminarsih ngendika yen dheweke dadi pengantin kuwi ora merga mblenjani janji karo achmad dhisik jen arep urip bebarengan, ananging amarga rama kang njodohake kula kalih Dokter Renggono Lewat telung dina saka kedadeyan kuwi Achmad krungu kabar Uminarsih wes bali menjang ngarsaning pangeran. Kerana remuk atine , Achmad melbu rumah sakit kanthi pirang pirang wulan. Awit tiba mangsane Achmad pesen kalih Any yen kon ngubah kabeh sekabening lelakon dheweke , bisa dikandhani , lan sapanunggalane . Any anamung mangsuli "inshaallah". let sepasar Achmad seda bali menyang pangangjunanging pangeran. "innalillahiwainnalilahirojiunn"

Amanat :

“Wong tuwa ora tansah ngetrapake kersane anak mesthine kudu ngaweruh bab kang dipingini sang anak misale perkara tresna , yen wong tuwa ngerti apa sing disenengi anke dhewe ,mungkin anake dijamin urip tentrm. Aja angger nyodohake anake dhewe  marga anak kuwi rahmat tekan Allah.”


Rangkumane cerita Cerkak



JODHO



             

            JANE ora etungan cowok sing mambu ati marang Triningsih, kayata Prapto lan Robertus kanca sekelas, nganti direwangi bengkerengan lan jothakan. Nanging lelorone mung dienjebi wae dening Triningsih, ora ana sing digape.

           Beja kemayangan dene aku sing ora mlebu nominasi ngesir dheweke bisa ketiban pulung. Bisa cecaketan lan kena diarani pacaran. Nanging ya kuwi, imbase kanca-kanca priya padha ora Seneng marang aku, temahan banjur nyatru lan mungsuhi. Kepara Robertus sing ngesir setengah mati lan ditulak mentah-mentah dening Triningsih tau nantang ngajak gelut, nanging ora takladeni.

              “Mas Robert, ora apik yen perkara bocah wadon direwangi tukaran. Karomaneh sambung katresnan kuwi sawijining pilihan antarane priya lan wanita lumantar keserasian jroning ati,” ucapku nalika Robertus nyengkerem krah klambiku arep nempiling. Bubar kuwi Robertus terus mundur teratur, ngerti yen Triningsih ora ngrespon marang dheweke.

         Wusanane kanca-kanca sing maune gething marang aku padha nyadhari keluputane lan ngajak akur maneh. Malah sawijining wektu rikala Triningsih ulang taun, kabeh kanca kanthi aklamasi ndheklarasekake aweh sebutan anyar Mantri. Tembung mau digabung antarane jenengku lan jenenge Triningsih. Wiwit kuwi saben ketemu, mbuh ing endi wae, uger ketemu kanca-kanca, aku diundang Mantri, dudu jenengku sing asli.


Rangkuman saking : Majalah Panyebar Semangat

Sang Pangeran



Judul                      : Sang Pangeran
Penulis                    : Fitri Gunawan
Penerbit                 : Q Publisher
Tahun terbit          : 2011 ing Jawa Tengah



Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane.

Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik.

Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
     
Amanat :

“ Kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe kudu duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang atasan sarta perusahaane,setia marang atasan lan keputusan atasan lan setia karo sisihan atine senajan ngenteni suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak culika. Kudu duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena wena amrang bawahan lan kudu tegas karo keputusan akhir.”

Minggu, 04 Februari 2018

Kewajiban anak


BAKTI MARANG WONG TUWA


Tekan gambar ing dhuwur nunjukkaken arek sing lagi nyuci sikil ibu'e wektu dina IBU. Ana arek lanang umur 8 taun. Sadurunge tampil pentas ngisi acara ing sekolah arek lanang niku wau nyuci sikil ibu'e, amarga ridho ibu niku ridho ALLAH sedaya. Sakwise nyuci sikil ibu'e arek niku wau pentas seni ing nduwur panggung lan pentas'e lancar.

Bakti marang wong tuwa wontwn ing Al Quran yaiku :

وَوَصَّيْنَا الْإِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًا ۖ وَإِنْ جَاهَدَاكَ لِتُشْرِكَ بِي مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۚ إِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَأُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ

“Dan Kami wajibkan kepada manusia agar (berbuat) kebaikan kepada kedua orang tuanya. Dan jika keduanya memaksamu untuk mempersekutukan Aku dengan sesuatu yang engkau tidak mempunyai ilmu tentang itu, maka janganlah engkau patuhi keduanya. Hanya kepada-Ku tempat kembalimu, dan akan Aku beritakan kepadamu apa yang telah kamu kerjakan.”
[Al-‘Ankabuut (29): 8]

Amanat:

‘Awakdhewe kudu ngewangi damelane wong tuwa, senadyan mung sethithik. Supaya ngeringanaken damelane wong tuwa. Amarga wong tuwa sing wis ngerawat awakdhewe teko cilik sampek sak gede iki. “


Sabtu, 03 Februari 2018

Kewajiban muslim


SHOLAT



Shalat minangka salah sawijining ibadah kang kedah dilaksanakake dening umat islam. Sholat uga satunggaling wujud syukur dhumateng Alloh ingkang sampun paring nikmat, kesarasan, bandha kabetahan gesang, pedamelan lan sanesipun.
Shalat duweni manfaat umpamine nebehake tiyang saking siksa api neraka, ditebehaken saking malapetaka, katon sumringah pasuryaning, lan taksih katah malih panunggalane. Sholat mujudaken ibadah ingkang kawitan dipun petang ing dinten kiamat mangke.
Rosululloh ngendika ing hadits shohih :

” إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ العَبْدُ يَوْمَ القِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ فَإِنْ صَلَحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ وَإِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسَرَ فَإِنِ انْتَقَصَمِنْ فَرِيْضَتِهِ شَيْءٌ قَالَ الرَّبُّ تَبَارَكَ وَتَعَالَى : انَظَرُوْا هَلْ لِعَبْدِي مِنْ تَطَوُّعٍ ؟ فَيُكْمَلُ بِهَا مَا انْتَقَصَ مِنَ الفَرِيْضَةِ ثُمَّ يَكُوْنُ سَائِرُ عَمَلِهِ عَلَى ذَلِكَ” .

          ”Satemene amalan kang sepisanan dihisap saka sawenehing kawula ing dina kiamat saka kabeh amalane yaiku sholat. Menawa sholate becik mula dheweke wis begja lan kasil. Nanging menawa sholate rusak, mula dheweke wis cilaka lan nandhang kapitunan. Lan menawa dheweke kurang becik sethithik anggone nindakakake sholate wajib, mula Alloh bakal dhawuh,”Delengen apa kawulaningsun nduweni amalan sunnah. Amalan wajib kang kurang sampurna bakal ditutup kanthi amalan sunnah iku, sabanjure amalan liyane uga mangkono”

(HR. At Tirmidzi, Al Bani : Shohih)

cerita cerkak

 BUDHE PAINI



Kenalku wiwit ana omah kontrakan ndhisik. Omahe ing sisih burine omah kontrakanku. Yen esuk dodol blanja, yen awan dodolan rujak. Olehe ana kono luwih dhisik tinimbang aku.
Sanajan mburi omahku, nanging seje RT. Dadi srawungku mung winates dol tinuku blanja lan rujake.
            Budhe Paini pindhah menyang sawah, Embuh sawah sing endi, sebab akeh banget sawah-sawah sing dikapling. Salah sijine, kaplingan kang dakcicil, wis oleh rong taun. Saka sekolahanku kira-kira rong kilo adohe. Isih sawah amba, malah isih ana kebone nalika iku. Terus, nalika wis lunas, sisihan­ku nanting. Wusana banjur wiwit mon­dhasi, ngurug, nembok, kuda-kuda, akhire sawise nem sasi aku bisa manggon omahku dhewe. Rada adoh sakulone sawah, ana omah petak jejer sapengidul.

Sawijing awan mulih saka mulang, karo payungan awit grimis, aku kaget ana swara kem­rosak saka tengahing alang-alang. Kesusul swara wadon:
“Bu Guru!”
 Dakwaspadhakake swara iku. Lho!
“Budhe Paini!”
“Bu Guru! Njenengan ta sing pindhah kala emben?” swarane seneng
“Inggih, Budhe. Mriki, Budhe, payungan!”
“Sampun, mboten napa-napa. Kula mpun setaun langkung. Nika gubug kula,” dheweke nudingi omah cilik saelore alang-alang. “Mangga pinarak.”
“Matur nuwun, mbenjang mawon. Mbenjang enjing kula diampiri nggih, kalih dolan.”
“Inggih, Bu Guru.”

            Wiwit iku aku raket maneh karo Budhe Paini. Mung saiki ora nganggo dodol rujak,
Budhe Paini isih dodolan. Ning dak deleng dagangane saya susut. Nganti sawijining dina leren olehe dodolan. Jarene, modhale entek awit wong-wong kang blanja. Yen sore ana bakul buwah lan bakul cao, uwuhe diwadhahi. Kekarone ketok yen laris. Saliyane bakul cao lan bakul buwah, isih ana bakul-bakul liyane kang njaluk palilah dodo ling sisihe bakul loro iku. Aku lan sisihanku ora ngidini. Ana arisan PKK wingi bu RT mbisiki aku yen Budhe Paini kepingin dodol sega pecel ing pojok ngarep omahku yen wayah esuk. Aku setuju banget. Nalika dakkandhakake sisihanku, dheweke uga setuju. Muga-muga dodolane laris.
            Lan bener, sega pecele Budhe Paini laris.Usahane Budhe Paini lancar. Yen pinuju oleh kiriman beras saka desa nalika wayah panen, dheweke dakwenehi. Budhe Paini kala-kala menehi bumbu pecel lan peyek. Lan suwe-suwe ora mung kala-kala, ning meh saben wulan. Bumbune meh setengah kilo, peyeke sak kaleng Khong Gwan. Sisihanku nganti ngelingake aku. Aja ditampa. Mesakne. Gek kadhang, amarga batihku ora akeh, bumbu pecel mau klalen ora kober nggawe, sumimpen ana kulkas. Wusanane wingi, dina Minggu, aku masak ana pawon karo bocah-bocah, ana wong uluk salam.

“Sugeng enjang, Bu Guru.”
“Sugeng enjang, Budhe”
 Budhe ngadeg karo nggawa bumbu pecel lan peyek sak kresek.
“Kangge putra-putra, Bu Guru.”
 Aku mesem marang wong wadon tuwa iku. Aku kelingan, ing kulkas bumbu pecel sing wingi  isih utuh. Daktampani pa­we­wehe wong tuwa iku karo ngomong alus:
“Budhe, matur nuwun sanget paringani­pun. Nanging peyekipun kemawon nggih, Budhe?”
“Mboten remen bumbu pecel, ta?” pita­kone rada kaget.
“Mboten, mboten, kula remen”, aku nyaut cepet. “Nanging sing maem mriki na­mung tiyang sekedhik. Bumbu sing wingi taksih kathah,” aku nuduhake bumbu ana kul­kas. Banjur peyek dak­dekek meja. Bumbu pecel sing anyar dak­cekel.
“Sapunika peyekipun kemawon nggih, Budhe ingkang kula tampi. Bumbunipun nje­nengan asta malih mawon,” aku ngo­mong ngati-ati aja nganti dheweke salah tampa.
Saiki dheweke ngguyu, praupane bali ajer.
“Nggih sampun, Bu Guru, matur nuwun, nggih.”
“Matur nuwun, Budhe,”
           
Sabaline Budhe Paini, aku ambegan lan­dhung. Dhuh, Gusti, kula mboten ke­pengin natoni manahipun tiyang sepuh punika. Mugi kedadosan kala wau mboten muruga­ken piyambakipun kemba. Mugi Panjeneng­an tansah maringi rejeki ing­kang langkung dhumateng tiyang sepuh punika. Nalika aku bali menyang meja makan, sisihanku wis lungguh ana kono.
“Bumbune pecel dakbalekake”, kan­dhaku. Sisihanku manthuk.

Amanat :

“Cerkak punika mucalaken menawi kita sedaya dados tiyang kedah sami tulung nulung kaliyan sami maringi dhateng sesami nopomaleh dhateng tanggi ingkang sampun sae kaliyan satumunten mbiyantu kita sedaya


Rangkuman saking : Majalah Panyebar Semangat 

Candhikala Kapuranta


Judul                      : Candhikala Kapuranta
Penulis                    : Sugiarta Sriwibawa
Penerbit                 : Narasi, Pustaka Jaya
Tahun terbit          : 2002, Jawa Tengah


Novel Candhikala Kapuranta karangane Sugiarta Sriwibawa yaiku salah sijining novel Jawa sing entuk penghargaan rancage taun 2003. Novel sing dianggep unggul nampilake nuansa budaya Jawa iki kebak tanda lan simbol, perkara iki ketara saka tembung lan ukara sing digunaake. Awit saka iku novel Candhikala Kapuranta duweni daya tarik dikaji lan ditliti supaya bisa nemokake simbol lan makna sing ana ning sakjerone. Perkara sing arep ditliti yaiku kepiye simbol lan makna novel Candhikala Kapuranta nganggo srana teori struktural semiotik A. Teeuw? Anane paneliten novel Candhikala Kapuranta iki kanggo ndungkap lan nemokake simbol lan makna novel Candhikala Kapuranta nganggo dasar teori strukturalisme semiotik A Teeuw. Pendhekatan sing digunakake ing paneliten iki nganggo pendhekatan objektif yaiku pendhekatan sing nggatekake karya sastra minangka sawijining struktur.

 Cara sing digunakake kanggo bedah karya sastra yaiku cara catet lan semak, catet kanggo nyatet ukara utawa tembung sing diduga duweni simbol. Paneliten iki sumbere saka novel Candhikala Kapuranta karangane Sugiarta Sriwibawa sing diterbitake dening penerbit Pustaka Jaya Jakarta taun 2002. Kasil saka peneliten iki, yaiku jelasake simbol lan makna nganggo kode bahasa, kode sastra, lan kode kebudayaan. Yaiku nganggo dasar teges lan pralambang

(1) teges lan pralambang nganggo gelar jeneng, yaiku Raden, Raden Mas, Raden Rara, Raden Ajeng, lan Den Bei. Istilah liane yaiku tembung ma lima
 (2) tembung genti wong kapisan lan wong kapindho sing digunakake ning jero kraton lan jaba kraton, yaiku abdi dalem, kula, kowe, sampeyan, panjenengan.
(3) paribasan sing digunakake, yaiku ilang-ilangan endhog siji, ngono ya ngono ning aja ngono. Saka kode bahasa yaiku nandakake kahanan wong antarane wong cilik lan wong panggedhe saka gelar jenenge, rasa hormat sing diwujudake nganggo tembung genti wong kapisan lan wong kapindho, dene paribasan lan bebasane duweni piwulangan Jawa ning sajerone crita.

Kasil saka kode sastra yaiku carane gunakake jeneng lakon wayang, yaiku Janaka, Cakil, Karna, Begawan Ciptaning, Begawan Mintaraga, lakon Karna Tandhing, lan Baratayuda Jayabinangun. Janaka yaiku lambang saka ngelmu. Cakil yaiku pralambang saka wong cilik, Karna yaiku lambang saka norma kasusilan, Begawan Ciptaning lan Begawan Mintaraga pralambang saka jiwa kang suci. Karna tandhing duweni lambang saka sifate satria. Bale sigala-gala pralambang saka sikap waspada. Baratayuda Jayabinangun yaiku lambang saka angkara murka lan watek kamulyan. Pralambang liane nganggo jeneng sing nganggo jeneng kembang nandakake wangine sawijining jeneng.

Tembung sastra lan sukma nandakake ngelmu sing bisa nguripi. x Dene saka kode kabudayan yaiku, ananing konsep ketuhanan saka kasil kabudayan Jawa, yaiku kidung Sarira Ayu lan kidung Marmarti. Kidung Sarira Ayu duweni karep dongga manungsa marang gusti. Kidung Marmarti yaiku duweni sawijining ajaran Jawa jaluk sambat karo sedulur papat lima pancer. Saka kasil paneliten iku, nyaranake supaya sing maca bisa nglestarekake ajaran Jawa iku lan uga bisa dadi tuladha ngembangake analisis sastra strukturalisme semiotik modhel A. Teeuw.

Amanat :

         “ Kita sedaya saged mangerteni crita-crita pewayangan, supaya adat budhaya Jawa mboten luntur ing era globalisasi saniki. Kathah sing saged kita contoh saking kahurapaning pewayangan, uga saged ndamel kahuripan kita luwih apik amarga nyontoh pawatakane saben tokoh ing novel iki. “


Kadurakan ing Kidul Dringu


Judul                      :Kadurakan ing Kidul Dringu
Penulis                   : Suparto Brata
Penerbit                 : Narasi
Tahun  Terbit        : 2012,  Yogyakarta



                Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam  ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda Mbakyu Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah ingon-ingon asu jenenge Tambur.
Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital dipun bumihangusaken.
Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.
Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha ngawontenaken serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala regu Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih, kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke lara-lara.
Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi ndamel perkawis ingkang boten rampung, Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.

Amanat : Kita boten pareng ajrih lawan para penjajah, menika samoun dados kewajiban para WNI ingkang sae, berkorban jiwa raga kangge bangsa tercinta. Kita ugi ampun amung ratapi nasib ingkang saweg dipun adepi ananging kedah usaha supados saged urip raharja mulya lan bahagiya.

Judul                                     : Lumbung Jati ing Gunung Kendheng Penganggit                           : Partini B. Pangeca...